Senin, 08 Februari 2010

MALEM SYAWALAN

Saka teras toko
Aku delok wong-wong
Kang padha lewat ing tengah dalan
Wayah bengi, ing wulan syawal
Kanthi tujuan kang beda-beda

Saka teras toko
Aku delok siji-siji
Mbok menawa kowe lewat ing dalan kono
Keno kanggo tamba kangen
Sakwise pirang-pirang taun ora ketemu

Nanging nganti tengah malem
Atis mulai krasa
Kowe during lewat uga
Asa mulai pupus
Kanggo ketemu senajan sedhela

Aku terus nunggu
Senajan wengi tambah sepi
Saka katresnan lan welas asih
Kang suci


Kaliwungu, 28 September 2009


Djamal Abdul Nasir

Tidak ada komentar:

Posting Komentar